lan kapinterané.
2.Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.
3. Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
4. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora
ana kang ngrusuhi
5. Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil
6. Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong pinter dipameri
apinteran sing ora sepirowa
7. Gupak puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu
ngarakaké kepénaké
8. Jer Basuki mawa béa - Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
9. Kacang ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané
10. Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun
11. Kebo nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
12. Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén kakarepan nanging
kurang sembada
13. Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk - Marani bebaya
14. Maju tatu mundur ajur - Prakara kang sarwa pakéwuh
15. Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
16. Pupur sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka
17. Sapa Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan
18. Tumbak cucukan - Wong kang seneng adu-adu
19. Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi
20. Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa
21. Yuyu rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné
mlarat
22. Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwo nemu ribed amarga
polahe anak
23. Ancik ancik pucuking eri : Wong kang tansah sumelang yen
kaluputan
24. Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh wong pinter
25.Bubuk oleh leng : Duwe niyat ala oleh dalan
26.Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong tanpa bukti
27. Cebol nggayuh lintang : Duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon
28. Cecak nguntal empyak : Gegayuhan sing ora timbang karo
kekuatane
29. Cedhak celeng boloten : Cedhak karo wong ala njalari katut ala
30. Desa mawa cara,negara mawa tata : Saben panggonan duweni
pengadatan dhewe dhewe
31. Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi sathithik nyuwun sing akeh
32. Dudu berase ditempurake : Nyambung guneme liyan nanging ora
gathuk
33. Emprit ambuntut bedhug : Prakara sepele dadi gedhe
34. Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak ditambahi luwih kepenak
maneh
35. Esuk dhele sore tempe : Ora manteban ati ( mencla mencle )
36. Gajah alingan suket teki : Lair karo batine beda banget,mesti bakal
ketara
37. Golek uceng kelangan dheleg : Golek sathithik malah kelangan sing
akeh
38. Gupak pulute ora mangan nangkane : Melu rekasane ora melu
kepenake
39. Iwak klebu ing wuwu : Kena apus kanthi gampang banget
40. Idu didilat maneh : Njabel gunem sing wis kawetu
41. Jarit luwas ing sampiran : Wong duwe kapinteran nanging ora
digunakake
42. Jati ketlusuban ruyung : Golongane wong becik kelebon wong ala
43. Jer basuki mawa beya : Kabeh gegayuhan butuh wragad
44. Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana sing mbutuhake
45.Kebo nusu gudel : Wong tuwo njaluk wuruk wong enom
46.Keplok ora tombok : Melu seneng ora wragad
47.Kriwikan dadi grojogan : Prakara sepele dadi gedhe
48.Lahang koroban manis : Rupa bagus/ayu tur luhur budine
49.Lambe satumang kari samerang : Aweh pitutur bola bali ora digape
50.Legan golek momongan : Wong kepenak golek rekasa
51.Madu balung tanpa isi : Parapadu jalaran barang sepele
52.Mikul dhuwur mendhem jero : Njunjung drajade wong tuwa
53.Milih milih tebu oleh boleng : Jalaran kakehan pilihan wusanane oleh
sing ala
54.Nabok nyilih tangan : Nindakake tumindak ala kanthi kongkonan
55.Nututi layangan pedhot : Ngupaya barang sepele sing wis ilang
56.Ngemut legining gula : Bareng kerasa kepenak lali asale
57.Nglungguhi klasa gumelar : Nemu kepenak tanpa melu rekasa
58.Othak athik didudut angel : Rembuge sajak kepenak bareng
ditandangi jebule angel
59.Ora mambu enthong irus : Dudu sanak dudu kadang
60.Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe cawe babar pisan
61.Palang mangan tanduran : Dipercaya malah ngrusak
62.Pitik trondhol diumbar ing padaringan : Wong ala dipasrahi tunggu
barang aji
63.Pupur sawise benjut : Ngati ngati sawise kebacut
64.Rawe rawe rantas malang malang putung : Kabeh sing ngalang
ngalangi disingkirake
65.Rindik asu digitik : Dikongkon nglakoni gaweyan sing cocok karo
karepe
66. Sedhakep ngawe ngawe : Mareni tumindak ala nanging isih kepingin
tumindak maneh
67. Sembur sembur adas,siram siram bayem : Bisa kaleksanan jalaran
pandungane wong akeh
68. Sumur lumaku tinimba : Nawakake ilmu supaya diangsu
69. Timun wungkuk jaga imbuh : Kanggo jagan yen ana kurange
70. Tinggal glanggang colong playu : Keplayu saka tanggung jawab
71. Tumbu oleh tutup : Wong kekancan sing cocok banget
72. Ula marani gepuk : Njarag marang bebaya
73.Ungak ungak pager arang : Ngisin ngisinke pokal gawene
74.Wis kebak sundukane : Wong sing akeh banget kaluputane
75.Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe katon njenggarong nanging
mlarat
76. Yiyidan mungging rampadan : Wong durjana dadi alim
77. Yoga anyanggo yogi : Murid nirokake piwulange guru