Assalamualaikum wr.wb
( ayat )
Nuwun, Panjenenganipun para sepuh, sesepuh, saha pinisepuh, ingkang
dhahat kinurmatan, langkung-langkung panjenenganipun
.................................. ingkang dhahat pinundhi, miwah
sanggyaning para rawuh para lenggah, sepuh miwah anem, ingkang tansah
winantu ing suka rahayu.
Sugeng rawuh, wilujeng sonten/dalu lan sugeng pepanggihan.
Langkung rumiyin, mangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur
dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat lan barokahipun
ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula,
sahengga ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika
papan kanthi pinaringan karaharjan tuwin kawilujengan, mboten manggih
alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula
dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid “alhamdulillahirobbil’alamin.”
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah
linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih
Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu
syafa’atipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula
nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis, awit minangkani
pamundhutipun Bp/Ibu ................................ sakulawarga,
saperlu dados talanging atur ngaturaken wigatosing gati ing kalenggahan
menika.
Purwaning atur, Bp/Ibu .............................. sakulawarga
ngaturaken sugeng rawuh sinartan agunging panuwun dhumateng panjenengan
sedaya, awit sampun sami kepareng ndhanganaken penggalih saha
nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menapa ingkang dados panyuwunipun.
Mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya menika dadosa ngamal soleh ingkang
pikantuk piwales kesaenan sangking ngarsa dalem Allah SWT kanthi
matikel-tikel. Allahumma amin.
Wondene menggah hajat tujuanipun Bp/Ibu .......................
ngrawuhaken panjenengan sedaya ing papan menika, nuwun inggih badhe pun
suwuni bantuan arupi ndherek-ndherek dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah
SWT, dedonga kanthi waosan kalimah toyyibah utawi tahlil, ingkang
khasanahipun mugi dadosa donga pamuji, mugi-mugi para arwah ahli
kulawarganipun Bp/Ibu ................................... ingkang sampun
sumare, nuwun inggih:
1....................................
2...................................
3.......................................
4...............................
sakpeminggah sakpengandhap mirungganipun, lan sumrambahipun para arwah
mukminin-mukminat muslimin muslimat samudayanipun, pikantuka maghfirah
saking ngarsa dalem Allah SWT, katampia sedaya amal kesaenanipun, lan
pinaringan papan kesaenan saha kanikmatan saking ngarsa dalem Allah SWT
satimbang kaliyan darma bekti lan amal kesaenan rikala sugengipun.
Allahumma amin.
Kejawi saking menika Bp/Ibu ........................ sakulawarga badhe
nyuwun berkah pendonga lan pangestu panjenengan sedaya, awit salah
setunggaling putra ing kulawarga menika ingkang peparab/sesilih ............(calon-manten)......... insyaAllah badhe nglampahi sunnah rosul mangun bebrayan ingkang kawastanan nikah, nuwun inggih badhe pikantuk ........(calon-mantu)......
putranipun Bp/Ibu .............................. ingkang pidalem ing
.............................. Ingkang saking menika keparenga para
rawuh para pilenggah paring puji pendonga lan pangestu mugi-mugi,
anggenipun .........(calon-manten)....... sumedya mangun bebrayan
ing mangke, tansah manggih kawilujengan, kalis ing rubeda, tan manggih
alangan setunggal menapa. Allahumma amin.
Dene minangka imam tahlil badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun .....................................
Salajengipun, mbokbilih Bp/Ibu ........................... sakulawarga
anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya wonten kirang ing tanggap tata
akrami, menapadene anggenipun atur papan palenggahan saha pasugatan
samangke kirang adamel sukarenaning penggalih panjenengan sedaya, Bp/Ibu
......................... sakulawarga sanget anggenipun nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksami.
Dene kula pribadhi, mbokbilih anggenipun matur wonten kalepatan,
kekirangan, saha kalucutipun, keparenga panjenengan sedaya
hangrentahaken sih samodra pangaksami.
Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamua’alaikum wr.wb.
Katur dhumateng panjenenganipun ............................... kula sumanggaaken, nuwun.
sumber